Pengertian pawarta Struktur pawarta lan contoh teks pawarta basa

 Pawarta Basa Jawa


Hai guys, selamat datang dan kembali ke blog saya mengenai Pawarta basa Jawa. Disini kita akan membahas mengenai pengertian Pawarta, jenis Pawarta, Unsur Pawarta, ciri-ciri Pawarta, teknik nulis Pawarta, teknik maca Pawarta, sifat pawarta, nilai Pawarta iku, apa baen sing perlu digatekna nalika maca pawarta. Lan nang kene tok wei contoh Pawarta sisan. Yuh langsung baen diwaca nang ngisor iki.

Pawarta Basa Jawa

Pengertian Pawarta

    Pawarta yaiku informasi anyar kang diandharake ana ing tulisan, lisan liwat media elektronik kang nduweni sifat aktual, narik kawigaten / perhatian khalayak (masyarakat umum).


Jenis Pawarta

Jenise pawarta iku ana 2 yaiku :

  1. Fakta : bener - bener kedadeyan nyata.
  2. Opini : pinemu, pemikir.


Pawarta iku kudu 

    Pawarta iku kudu kritis lan kreatif, kritis tegese yaiku selektif / ora gampang percaya kudu dianalisis, kreatif tegese yaiku ndadekake informasi dadi pawarta.


Unsur Pawarta 

Unsur pawarta iku nyangkup ana 5W + 1H + 1S yaiku :

  1. What (apa) : berita apa
  2. Who (sapa) : sapa bae ana ing pawarta
  3. Where (nangngendi) : papan panggonan kedadeyan ing pawarta
  4. When (kapan) : titi wanci / wektu pawarta
  5. Why (kenangapa) : apa sebabe ana pawarta
  6. How (keprimen) : keprime kedadean sebab + akibat
  7. Security : aman apa ora kejadian kasebut


Ciri - Ciri Pawarta 

Pawarta duweni ciri ciri kamut ana 6 yaiku :

  1. Tinemu ing akal / nalar / logika
  2. Pepek 5W + 1H + 1S
  3. Basane nyenengake
  4. Narik kawigaten
  5. Struktur ukara trep
  6. Diksine trep


Nilai Pawarta :

  1. Cepet
  2. Nyata
  3. Penting
  4. Menarik


Sifat Pawarta 

Sifate pawarta dibagi dadi 9 tuladhane :

  1. Aktual : anyar
  2. Jarak : paling cepak
  3. Penting
  4. Akibat : duwe akibat
  5. Congkrah : gawe konflik
  6. Tintrim : gawe tegang / khawatir
  7. Kemajuan jaman / kemajuan teknologi
  8. Emosi : gawe rasa
  9. Humor : gawe ngguyu


Perangan Pawarta / Struktur Pawarta :

  1. Headline : judul / irah - irahan
  2. Deadline : batas waktu,(nyebutake jeneng media massa, papan, lan tanggal kedadeyan.
  3. Lead. : teras pawarta, paragraf kapisan perangan paing wigati
  4. Body laguage : surasa pawarta / isi pawarta.


Etika Nulis Pawarta 

Nalika arep nulis pawarta kudu merhatikna etika nggone nulis, yaiku :

  1. Objektiff : nulis kanthi apa anane adhedhasar fakta
  2. Cover both side : ora mihak salah siji


Teknik Nulis Pawarta :

  1. Pengorganisasian / ngumpulake fakta utawa data (wawan rembug, kedadean langsung, data - data tinulis)
  2. Nentokake irah - irahan kang wigati
  3. Nentokake lead / teras berita
  4. Milih tembung kang jumbuh karo pawarta lan migunakake alur runtut
  5. Miwiti nulis kanthi temenan


Nalika Arep Maca Pawarta

Ana kaping 10 nalika arep maca pawarta gudu gatekake 

  1. Pangucap kang trep
  2. Pamedho frasa kang trep
  3. Intonasi, nada lan tekanan kang trep
  4. Ngreteni tanda wacan
  5. Suara cetha
  6. Ekspresi kang trep
  7. Ngatur alon cepete maca
  8. Ngolah maca
  9. Mahami wacan
  10. PD (Percaya Diri)


Contoh teks pawarta :


Tuku Mobil Nganggo Galon. 

SMK Negeri 1 Bawang nembe bae tumbas Mobil nganggo dhuwit kasil adol galon. Miturut Suhardi, ketua Bisnis Center Selasa (3,10) bisnis galon diwiwiti Agustus 2017. Galon - galon kasebut disediakaken saben kelas. Toya unjukan aman dikonsumsi, amargi sampun diuji kandungane, logam berate 17%. Tujuan utamanipun kanggo nyicil Mobil lan keuntungan liyane kanggo ngurangi limbah plastik lan ngirit dhuwit siswa. Saben siswa mbayar 1000 nek mundhut toya galon, nguntungake siswa 1.500.


Nah kue tok sing teyeng tok bagi maring kowe pada ngenani Pawarta basa jawa. Mugi - mugi yo bisa migunani nggo ko ko pada ya...

Komentar